RSS

Naskah Drama Jawa


Putri Sendal Jepit

Sindenrela iku kenya desa sing pinter nembang, suarane apik, praupane ayu, seneng nulung, nanging uripe melasi. Ibu kandunge wes ora ono. Sindenrela duwe ibu kuwalon anyar lan nduwe sedulur kwalon jenenge Wulan lan Rahayu. Ibu kuwalon lan dulur kuwalone mau seneng nyiksa Sindenrella nek bapake ora ana ning omah. Saben dina Sindenrela dipeksa kerja terus-terusan, nanging Sindenrela tetep sabar.
            Sindenrela nduwe kanca jenenge tukimin. Tukimin iku wes dadi kancane Sindenrela kawit cilik. Mung karo Tukimin tok Sindenrela gelem cerita apa wae, ora ana sing ditutup-tutupi. Apa maneh masalah karo ibu tiine, ora ketinggalan diceritakno ning Tukimin.

Adegan 1
            Esuk-esuk ning omahe Sindenrela. Sindenrela si kongkon-kongkon karo ibu lan dulure kuwalon. Paraga kang nindhaki karya : Sindenrela, ibu kuwalon, Wulan, Rahayu.
Ibu kuwalon    : “ Sinden, Sinden! “ (bengok-bengok ngundangi Sindenrela)
Sindenrela       : “ Inggih bu, wonten menapa ? “
Ibu kuwalon    : (nguncalno sandhangan ning Sindenrela) “ Ki lho ndang kumbahi kabeh. Aja lali nyapu, ngepel, masak, serap-serap!! “
Sindenrela       : (jupuk sandhangan sing diuncalno ibu kuwalone)
Wulan             : “ Eh, setrikakna sandhanganku ndhisik ki lho, aku arep lunga. “
Sindenrela       : “ Ya mbak, ngko tak setrikane. Ning mengko nek penggaweanku wes bar kabeh.”
Wulan             : “ Ora isa, setrikakno ndhisik kudune. Aku arep ndang lunga. “
Rahayu            : “ Eh, ngko sek, lurokna sepatuku seng ping ndek ingi lho. “ (oyok-oyokan ngongkon Sindenrela)
Wulan             : “ Kudune aku ndisek. Aku sing ngongkon sek kok. “
Rahayu            : “ Ora isa, pokoke aku ndhisik. Kowe iki mbakyuku kudune ngalah karo adhine. “ (eyel-eyelan karo Wulan)
Ibu kuwalon    : “ Wis wis ojo dha tukaran. Wis kono nden ndang lunga! “

Adegan 2
                        Sindenrela curhat karo Tukimin samba nangis-nangis amarga nelangsa uripe. Paraga kang nindhaki karya : Sindenrela, Tukimin.
Sindenrela       : “ Min, aku tak curhat ya… “
Tukimin           : “ Iya Nden, aku iki pendengar sejatimu kok. “
Sindenrala       : (karo nangis) “ Min Min, uripku iki piye ta kok kaya ngene? “
Tukimin           : “ Kaya ngene kepiye ta Nden? “
Sindenrela       : “ Saben dina aku dipeksa kerja terus-terusan. “
Tukimin           : “ Sing sabar wae Nden, anggep wae iku cobaan kanggo kuwe mesti sesuk entok balesane dhewe saka Gusti Allah. “
Sindenrela       : “Iya Min. “
Tukimin           : “ Eh iya nden, kowe wes reti durung nek Jaka Sembung nganakake pesta? “
Sindenrela       : “ Aku yo ora reti leh Min. “
Tukimin           : “ Saiki kuwe kan uwis dak kandhani ta, sesuk teka ya, amarga kabeh oleh teka. “
Sindenrela       : “ Iya Min. “ (langsung menyang mulih)



Adegan 3
Bengi iku Wulan, Rahyu ln ibu kuwalone Sindenrela sibuk milah-mileh kanggo persiapan menyang omahe Jaka Sembung. Paraga kang nindhaki karya : Sindenrela, ibu kuwalon, Wulan, Rahayu.
Wulan              : “ Rahayu, apike aku nganggo klambi apa ya? “ (karo mikir)
Rahayu            : (mondar-mandir karo luru klambi sing apik) “ Mbuh mbak, aku dhewe lah binggung kok. ”
Wulan             : “ Aku nek nganggo klambi iki piye menurutmu? “ (karo ngedohno klambine sing paling apik)
Rahayu            : “ Wis apik iku, lha nek aku iki piye? Apik apa ora ya? “
Wulan             : “ Wis jos ah pokoke. “
Ibu kuwalon    : ” Rahayu…. Wulan... “ (bengok-bengok ngundang anake loro mau)
Rahayu,Wulan            : “ Inggih bu. “
Ibu kuwalon    : “ Weleh-weleh… jos-jos kabeh tenan anakku. “
Wulan              : “ Inggih lah bu, anake sinten malih… “ (karo guyu)
(Sindenrela mung bisa ndeleng Wulan,Rahayu lan ibu kuwalone ning pinggir lawang)
Ibu kuwalon    : “ Wis ayo ndang mangkat! “
Rahayu,Wulan            : “ Inggih bu. “
Ibu kuwalon    : “ Nden!! Aku lan mbak-mbakmu arep lunga. Kowe ning omah wae, resik-resik omah! “

Adegan 4
            Tukimin mara ning omahe Sindenrela. Tukimin pingin ngeterno Sindenrela ning pestane Jaka Sembung. Ananging Sindenrela malah linggeh ning ngarep omah karo sedhih amarga ora nduwe sandhangan sing apik lan pantes dienggo ning pesta. Sindenrela disilahi sandhangane mbakyune Tukimin yaiku mbak Peri. Paraga kang nindhaki karya : Sindenrella, Tukimin, Mbak peri.
Tukimin           : “ Oalah…. Piye ta kowe iki. Wis tak kandhani tak kon teka ning pestane Jaka Sembung kok malah ijeh tengak-tengok wae. “
Sindenrela       : “ Asline aku lah ya kepingin teka Min, tapi aku ora nduwe sandhangan sing pantes. Mosok yo aku lunga ning pesta karo sandhangan elik ngeniki, ya ya lumrah go. “
Tukimin           : “ Yawis yawis ra usah sedhih, apa ngene wae, kuwe gelem tak silahno sandhangane mbakyuku? “
Sindenrela       : “ Apa ya Mbak Peri gelem Min? “
Tukimin           : “ Nek iku kowe ra usah khawatir, mbak Peri iku apikane ra umum, mulane jenenge mbak Peri, piye? Gelem ora kowe? “
Sindenrela`      : “ Nek ngono aku gelem Min. “
(Tukimin lan Sindenrela langsung marani mbak Peri)
Tukimin           : “ Mbak, kowe gelem nyilahi sandhangan kanggo Sindenrela? Iki wonge arep lunga ning pestane Jaka Sembung nanging sandhangane elik kaya ngeniki. “ (karo nunjuk sandhangane Sindenrela)
Mbak Peri       : “ Emmmmm,,,, piye ya Min? Aku sakjane ya nduwe, tapi ngko nek kegedhen piye? Ngene wae, ngene wae Sinden kon jajali sandhangane ndisik. “
Tukimin           : “ Yawis yawis!! Age ndang jajal Nden! “ (karo narik tangane Sindenrela)
Sindenrela       : (jajali sandhangane mbak Peri) “ Piye Min? Piye mbak? Pantes ora aku nganggo iki? “
Tukimin,Peri   : “ Jos Nden, sippp pokoke!! “ ( karo ngacungno jempol bareng-bareng)
Sindenrela       : “ Teros aku iki piye mbak? Mosok aku nganggo sandhal jepit, elik sisan sandhale. “
Mbak Peri       : “ Piye ya nden, aku ora nduwe sandhal sing apik re. “
Tukimin           : “ Nganggo sandhal jepit lah Nden, sing arep nyawang sandhalmu dak sapa a? “
Mabak Peri      : “ Wis wis ora usah kakean omong wae, cepet ndang mangkat!! “
Sinden,Tumin : “ Sipp mbak. “

Adegan 5
Ibu lan adhine Jaka Sembung padha gelisah amarga Jaka Sembung durung nduwe pasangan urip. Tujuwane kulawarga Jaka Sembung nganakake pesta supaya dheweke bisa luru pasangan sing trep ning atine. Nanging Jaka tetep wae ora gelem luru pasangan. Nanging Jaka Sembung tetep wae ora gelem luru pasangan. Paraga kang nindhaki karya : Ibu Jaka Sembung, Sri Sembung.
Sri Sembung    : “ Kang, piye wis ana sing sreg apa durung? “
Jaka Sembung : “ Ngeniku dak ngomong apa a? “
Sri Sembung    : “ Halah leh kang, aku kepengen ndang dhuwe mbak kok. “
Jaka Sembung : “ Ning aku durung pengen dhuwe bojo re. “
Ibu sembung   : “ Wis wis aja dha tukaran wae. Kuwe iki piye tah le, le? Umurem iya wis cukup! Mosok bocah-bocah wadon sing dha moro, durung ana sing mbok senengi leh le…”
Jaka Sembung : “ Lha piye neh tah bu? Lha wong ancen durung ana sing pas nek atiku re.”
Sri Sembung    : “ Kakang iku mboh piye? Mbok ya omongane ibu iku digatekna. Lha iyo umure kakang yo wes siap nikah, ndang luru pasangan urip go kang. “
Ibu Sembung   : “ Rungokno omongane adhimu kuwi lho le kuwe iku ndang nikah. Ibumu iki pengen ndang gendhong putu le. “
Sri Sembung    : “ Lho yo age a kang, ndang siap-siap pestane arep di wiwiti kok, mengko selak putri-putrine dha teko. “
Jaka Sembung : “ Ya ya, aku tak siap-siap go pesta. “
Ibu, Sri            : “ Sippp Sippp.”

Adegan 6
Pesta wis diwiwiti kabeh wong wis dha moro ananging Sindenrela durung uga teka. Joko Sembung gelisah amargi durung ana wong wadon sing gawe wonge tresna. Rahayu lan Wulan nyobi nyedaki Joko Sembung. Paraga kang nindhaki karya : Jaka Sembung, Rahayu, Wulan.
Jaka Sembung             : “ Mondar-mandir ( bingung ).”
Rahayu lan Wulan       : “ Joko Sembung ????????”
Jaka Sembung             : “ Dalem ! Sapa kowe ???”
Wulan                          : “ Aku wulan, lha iki Rahayu.”
Jaka Sembung             : “ Ana apa ? “
Rahayu                        : “ Ayo dha nyanyi bareng, gelem ora kowe ??”
Wulan                          : “ Ayo nyanyi karo aku wae Joko Sembung.”
Jaka Sembung             : “ Aku ora isa, aku lagi wegah.”

Adegan 7
Tukimin ngeterna Sindenrela ning umahe Jaka Sembung, ananging Sindenrela isin arep mlebu, amargawonge mung gawa sandhal jepit. Paraga kang nindhaki : Sindenrela, Tukimin, Ibu kuwalon, Rahayu, Wulan.
Sindenrela       : “ Aku tek isin Min ?”
Tukimin           : “ Isin lahapa leh, kana ndang mlebu, selak pestane rampung ngko!”
Sindenrela       : “ Iki sendhalku tek jepit.”
Tukimin           : “ Wis ah ora apa-apa agea ndang mlebu, aku ngenteni ning njaba.”,
( Sindenrela mlebu ning omahe Jaka Sembung lan Jaka Sembung langsung tresna karo Sindenrela )
Sindenrela       : “ ( dadi pusat perhatian tamu ) “
                        ( Binggung )
Jaka Sembung : “ ( ngampiri Sindenrela )…..cah ayu, apa kowe gelem nyanyi ning acaraku iki, sak lagu wae. “
Sindenrela       : “ Aku ora isa nyanyi Jaka Sembung “
Jaka Sembung : “ Agea ah cah ayu, aku kepingin ngrungokno suaramu.”
Sindenrela       : “ Inggih ( nyanyi )”
( Wektu sindenrela nyanyi, Sinden weroh Ibu kuwalone, Rahayu, lan Wulan padha meliliki wonge. Sinden dadi pucet kabeh, langsung cepet-cepet mudhun saka panggung )
Ibu Kuwalon   : “ ( Ngampiri Sindenrela ) lahapa kowe kok ning kene ?”
Rahayu            : “ Iya hare, ora nduwe isin.”
Wulan              : “ Awas ngko nek tekan omah.”
Sindenrela       : “ ( meneng wae, langsung cepet-cepet metu saka omahe Jaka Sembung )”
Jaka Sembung : “ Aduh “( Jaka Sembung nabrak Sindenrela)
Sindenrela       : “ Ngapurane “ ( Sindenrela cepet-cepet mlaku, lan sandhale sing siseh mau ucul wektu tabrakan karo Jaka Sembung )
Jaka Sembung : “ Sinden kowe arep ning ndi ? Wajahmu kok pucet banget.”
Sindenrela       :  ( Mlengok karo ngingeti Jaka Sembung )
Jaka Sembung : “ Sinden….acarane durung bar kok, aja cepet-cepet muleh ta.”
Sindenrela       : ( tetep wae mlaku )
( Sindenrela marani Tukimin lan ngajak muleh )
Tukimin           : “ Gene kuwe Nden??? Kok kesusu muleh, acarane dak durung bar aa?”
Sindenrela       : “ Aku bakalan di amuk iki Min, wis ayo Min dha muleh wae. “

Adegan 8
            Esuk-esuk, omah e sinderela di tekani jaka sembung seng arep balekno sandal jepite sindenrela. Paraga kang nindhaki : Jaka Sembung, Wulan, Rahayu, Ibu kuwalon, Sindenrela Bapak Dadang.
Jaka Sembung : “ Nuwun. “ (ngetok-ngetok lawang omahe Sindenrela)
Wulan              : “ Mangga, (bukak lawang) Eh….. Jaka Sembung, ana apa? Arep luru aku ya? “ (mesem-mesem)
Rahayu            : (mlaku marani Wulan) “Eeeee… Jaka Sembung luru aku are… Iya aa Jaka?”
Jaka Sembung :(Jaka Sembung mung mesem-mesem tok nanggapi bocah loro mau) “Sindenrelane ana?”
Rahayu,Wulan: (adep-adepan karo kaget)
Ibu kuwalon    : (mlaku marani anake amarga dungu ana tamu) “ Eh nak Jaka, ayo mlebet nak! “
Jaka Sembung : “ Inggih bu. “
Ibu kuwalon    : “ Ana tamu kok ora dikon mlebu. “ (ngingeti anake loro)
Jaka Sembung : “ Bu, Sindenrela wonten ing ndalem? “
Ibu kuwalon    : “ Ga kana kok le, ana perlu apa? “
Jaka Sembung : “ Kula badhe mangsulake sandhale Sindenrela bu, wingi ketingal ing pesta. “
Ibu kuwalon    : “ Mboh le, wonge ora ning omah, Sinden yo ngono iku ora tau gelem ning omah, ora tau gelem ngewangi wong tuane ning omah, senengane dolan teros. “
(Sindenrela krunu yen ana suarane Jaka Sembung, Sinden langsung luru sumber suara iku jebule ana ing omah ngarep)
Jaka sembung  : (Jaka Sembung weroh yen ana Sindenrela mlaku) “ Sindenrela ,,, “
(Ibu kuwalon,Wulan,Rahayu bareng-bareng ngingeti Sindenrela)
Sindenrela       : “ Dalem .. “
Jaka Sembung : “ Sinden, kowe mau ning endi? Aku ngenteni kowe wis sue ning kene. ”
Sindenrela       : “ Ngapurane mas, aku ora ngerti yen sampeyan luru aku. “
Jaka Sembung : “ Iya gak apa-apa, aku mrene arep balikna sandhalmu. “( balikna sandhal )
Sindenrela       : “ Maturnuwun mas, wis balikna sandhalku sing elik iki. “
Jaka Sembung : “ Iya Nden. “
(Jaka Sembung lan Sindenrela padha meneng)
Jaka Sembung : “ Nden, aku tresna marang sliramu.”
Sindenrela       : (bingung ora isa ngomong)
Jaka Sembung : “Nden, aku iki tenanan, yen aku iki tresna karo kowe, apa kowe gelem dadi garwaku ?”
Sindenrela       : (isin, tetep meneng)
Ibu Kuwalon   : “Apa ? Kowe iki ora keliru ngucap ?”
Jaka Sembung : “Mboten, Bu ! Kula menika pancen tresna marang Sindenrela.”
Wulan              : “Pripun menika Bu, Sindenrela badhe dados garwanipun Jaka Sembung.”
Ibu Kuwalon   : “Rungakna ndhisik go, Sindenrela durung ngomong “
( Jaka Sembung miwiti ngomong)
Jaka Sembung : “Piye Nden ? Gelem apa ora ?”
(ujug – ujug bapake Sindenrela teka, banjur mudhun saka motor)
Bapak Dadang : “Lho, ana apa iki kok ning jaba kabeh ?”
Ibu Kuwalon   : “Iki lho Pak, ana Jaka Sembung”
Jaka Sembung :” Sugeng enjing Pak, Bapak Dadang !”
Bapak Dadang            : “Ya Le. Ana karepan apa kowe mara ning omahku ?”
Jaka Sembung : “Kula badhe mangsulaken sandhalipun Sindenrela sah badhe tangklet manapa Sindenrela dados garwane kula napa mboten.” (sopan)
Bapak Dadang : “Eeeeeeeee………….ngono………….terus kepiye?”
Jaka Sembung : “Dereng ngertos Pak, Sindenrela dereng paring wangsulan.”
Bapak Dadang  : (nyawang Sindenrela).” Piye Ndhuk ? Kowe gelem ora dipek bojo Jaka Sembung ?”
Sindenrela       : “Menawi Bapak sarujuk nggih kula purun Pak, ananging yen Bapak mboten sarujuk nggih mboten.”
Bapak Dadang  : “Ngene lho ndhuk. Kabeh iki kowe dhewe sing nglakoni. Mula iku, kabeh kuwi kudu saka atimu dhewe. Yen kowe gelem ya aku setuju, yen ora gelem ya ora tak peksa. Piye ? Apa jawabanmu ? “
Sindenrela       : “Yen ngoten nggih kula purun leh Pak.” ( Jaka Sembung lan Sindenrela mesem ).
Pungkasaning carita, Sindenrela digarwa dening Jaka Sembung lan urip bagya salawase.

2 komentar:

Unknown mengatakan...

wkwkwk,,,,...... kira-kira pentasnya kita bakalan ketawa nggak ya ka,,...

tika febri mengatakan...

yang terbaik ajalah :)

Posting Komentar